Contoh Cerita Pendek dalam B.Jawa atau Cerkak B.Jawa
Cerkak B.Jawa
Karya : nanafisa
Inspirasi cerkak dari lagu Iwan Fals - Tikus-Tikus Kantor
Si Koruptor
Waktu iki dina wis sore
,iki waktune aku mulih saka pengaweanku,yaiku sebagai pegawai ning PT.Pertamaina Indonesia,tapi sebenere
aku kepingin dadi POLWAN,tapi ora papa lah pancen wis dalane,lan dilakoni wae kanthi
tulus ,ikhlas,lan jujur.Oh iya perkenalna namaku Kanya Ziafisa,aku lulusan
sarjana akutansi - UGM,aku asli wong Jawa ,Jawa Tengah ning Yogyakarta,lan aku
asli wong Indonesia negara sing tercinta iki ,sing ora ana enteke karo
tikus-tikus kantor ,basa apike yaiku Koruptor. Bener jare simbahku "Suwi-suwi
jaman iki tambah edan ,menungsa lebih gila harta timbang gila ilmu".Hmm delok
situasi negeri iki,dadi khawatir karo nasibe bangsa iki 20 tahun engkas,piye
para elit politike,piye para pemimpine ,piye nasib rakyate,tapi sebagai anak
bangsa aku kudu optimis bisa gawa Indonesia ning kaca internasional,supaya judule
ora mung "Indonesia adalah negara berkembang" ,tapi "Indonesia
adalah negara maju",amiin.
Dina sesuke aku ketemu
kanca-kanca SMA,aku ngomongna cerita jaman biyen waktu sik enak-enake guyon
ora mikirna penggawean sing mumetna iki.Ana kabar sing apik saka kancaku,kanca sebangkuku
dadi Gubernur Jawa Timur,aku kaget ora percaya pancen hebat kancaku kuwi ,tapi
sayang kanca sebangkuku ora melu reuni,padahal aku wis kangen.Sawise iku,aku mbalek
ning rutinitasku,lan kabar apike aku ditunjuk manajer kantor kanggo ngurusi
masalah data data sing ana ning Surabaya-Jawa Timur ,aku langsung kepikiran kanca
sebangkuku kuwi sing dadi bupati,lek aku ning Jawa Timur aku bisa ketemu kancaku
iku.Aku langsung nelfon kancaku Rina kuwi ,tapi ora diangkat ,pikirku waktu iku
paling kancaku sibuk.
Pas dina aku arep berangkat
ning Jawa Timur ,aku diwei kabar ora apik saka ibuku. "Nduk mau ning
berita online ,kancamu sing biasane dolan ning omah pas SMA,ditangkap polisi
,gara-gara kasus korupsi,areke sing duwur kae ,kanca sekolahmu ",
"Haa sinten buk",jawabku.Ibuku langsung jawab "iku lho kanca
sebangkumu", "Ya allah Rina linawati buk,bener ta buk",
"Iya nduk ,coba pastikna dewe lek wis tutuk Jawa timur,ibuk ya kaget
iki"."Inggih-inggih buk ,ngih pun ,sampun riyen ngih buk
,waalaikumsalam".Pas mlaku arepe munggah pesawat,rasane ora percoyo nemen
karo kasuse kancaku kuwi,padahal aku ora seneng nemen karo sing jenenge
koruptor ,hm rin rin kok iso sapek ngelakoni iku.
Sawise aku tutuk ning Jawa
Timur ,tepate ning Surabaya ,aku langsung golek info tentang kancaku kuwi.Tibake
bener kancaku ditahan gara-gara kasus korupsi,aku langsung nuju kantor polisi
sing nahan kancaku ,aku melbu ning
kantor kuwi ora dewean ,aku dibarengi kanca sekelasku pisan sing saiki dadi
dosene UNESA yaiku Ragil Vinanjaya .Pas aku tutuk ning kantor polisi sing nahan
kancaku iku,aku sedih ndelok kancaku ,kayake kancaku kuwi frustasi nemen.Kancaku
kaget delok aku."Zia ,karo sapa sampeyan mrene ,sampeyan percaya aku
kan,guduk aku sing ngelakon iiki "."Karo ragil iki areke "."Ragil"jawab rina
karo guyu. "Hehe iya rin,emange bener ta kasus mu iku?". "Ora
gil awmu percaya aku kan ,guduk aku sing ngelakoni iki kabeh ",jawab rina.
"Ya apa aku karo ragil bisa percaya ,yen bukti-bukti wis ana ning awmu
kabeh","aku difitnah" jawab rina.Delok tatapane rina iku aku
bener yakin lek rina salah ."Omonganmu karo atimu,bedo saiki rin
",jawabku .Rina mulai emosi ,mumpung ana polisi sing nekani aku lan
ngomong "Mbak mas ,waktu mbesuk wis entek,mohon mbak lan mas mengerteni".
Akhire aku lan ragil metu
saka tahanan kuwi , "Edan tenan wis negara iki " , "Iya gill
,sing korupsi saya akeh". "Temenan iku Zia,ora nyangka aku si rina
kaya ngunu " ," Iya gil ,ya wis ya aku arepe ngurusi masalahku
", "Iya Zi, ati ati" . Akhire aku kepisah maneh karo ragil gara-gara
penggaweanku , sakwise aku garap tugas,lan nyelesaino masalah kantorku,aku
ditelfon Ragil," Hallo,assalamualaikum Zi" ,"waalaikumsalam ,iya
ana apa gil". "Ana kabar duka,Rina bunuh diri ning penjara ,gara-gara
frustasi ,amarga barang mewah lan omahe ludes disita" . "Innalillahiwainnailairojiun
,astagfirullah Rina ,yawis gill ayo ngelayat " ,"Iya Zi ayo,entenono
aku ning lobi hotel" , " Oke gil".
Akhire aku budal ngelayat
ning omae ibuke alm.Rina,keluargane Rina sedih ora karuan aku berusaha nenangna
ibuke rina lan mbak e rina ,sing garai aku kaget ora ana pegawaine rina sing
ngelayat ,lan kabare rina mati gara-gara benturna sirahe ning tembok penjara
,hmm Ya allah semoga kancaku kuwi mau ,diterima ning sisimu.
Sakwise aku ngelayat ,aku
ketemu kanca –kanca SMA lan SMPku sing saiki ana ning surabaya ,pas aku ketemu
kanca-kancaku,tibake ana kanca SMPku sing dadi DPR ning Surabaya ,jenengnge Silwa
,Silwa ngomong lek kanca sebangkuku kuwi alm.Rina iku tibake wis mulai
curang mulai mbiyen ,tapi ora ana sing
lapor amarga ora nduwe bukti kuat.”ya wis lah aja dibahas ,didungakna wae ben dilapangna
kubure”,tuturku.”Yawis ya rek,urusanku ning kene wis mari , aku pamit mulih disek,semoga awakedewe bisa kumpul maneh“.
“Aminn”,jawab kanca-kancaku. “Ati ati Zi ,muga-muga slamet sampek tujuan ,ojok
lali karo aku “ .”Haha iyolah pasti”. “Hmm cinta bersemi iki “,jare wati”,Wis-wis
aku bakal ketinggalan pesawat iki lek ning kene terus ,wis ya assalamualaikum“.
“waalaikumsalam “,jare kanca-kancaku”.
“Zi ,tak terna taa “,”Ora usah gill aku wis pesan go-car ,suwun ya” . “Oh iya
iya ,ati-ati “, “ati-ati iku lho,ati-atine wis ping pitu,hahaha “,jare rofi
,karo nada guyon . “Hm iya iya wis ya ,ora budal-budal aku iki engko“ . “Ayo mbak
“,jare supir go-.car , “Iya mas “. Aku ngelambaikna tangan ning kanca-kancaku
,kancaku ngomong “Dada Zia dada”.
Hm waktu iku berkesan
nemen bagiku , ngomong ngomong Ragil ,Ragil sebenere iku mantanku pas SMP kelas
3 sampek SMA kelas 2 ,lumayan suwi tapi pas iku pancen sik labil labil le,tapi
yawislah waktu ora bisa diputer.
Pas tutuk Jogja aku
istirahat ,waktu iku aku dikei waktu cuti 1 hari karo kantor ,dadi waktu iku
tak luwangna kanggo ngumpul bareng keluarga Familly time ngunu basa kerene.Hari
– hari ku saiki ,mikirna tentang korupsi ae,soale saben aku moco berita pasti ana
wae sing ditangkap gara-gara kasus korupsi, apa saiki duwik sing dadi
prioritas?.Ya wis lah saiki mbalek ning rutinitas biasae.Dina sesuke aku wis
mulai kerja mending saiki aku turu wae.
Pas sesuke,aku arepe budal
ning kantor ,ana kiriman kembang , tak bukak tibake sing ngirim Ragil ,tapi aku
mikir masak Ragil ,ragil kan ning Surabaya . Aku jajal nelfon Ragil tapi ora
dijawab, ya wis aku budal ning kantor ,tutuk kantor kancaku dina,ngewei aku
duwit.“Iki rin gawe ngijoli cicilan sepedah ,lek sampeyan ora gelem anggep wae
iki sedekah”,jare dina.“Ora ah”jawabku.”Iki duwit iki bisa bermanfaat ,lek
sampeyan ora gelem ya bisa kan dibagi ning anak yatim”.“Tapi”,”Ah iki wis ,wis
ya aku arep metu disek”.”Eh iya iya,suwun din”.Jam wis nunjukna jam 4 sore,iki wis
wayae aku muleh ,pas aku tutuk omah,ana ragil ning omahku ,tak wasi saka latar
omah, ragil omong-omongngan karo ayah ibukku.“Assalamualaikum“.“Waalaikumsalam“,jawab
ayah ibu,lan ragil.“Ragil ,ana apa gil,kok bisa ning kene?”.Ibu jawab ”Ragil
pindah nduk,saiki ragil dadi dosen ning UNY,arep ngancani zia jare”,ayahku guyu
lan ngaleh saka ruang tamu karo ngajak ibukku.“Ora ana zi ,pingin ae mrene
soale wis suwi ora mrene”jawab ragil karo wajah isin.Saka adoh ayahku ngomong
“Wis gil ndang omong”.“Ha apa yah” .”Oh iya rin sampeyan saiki sik durung nduwe
calon kan?,sampeyan gelem apa ora”,gurung ragil mari ngomong moro moro ana
polisi teka.“Assalamualaikum”.”Waalaikumsalam”,jawab ayahku.“Niki pak wonten
surat panggilan,saka kantor polisi,panggilan niki ditujukna kangge Kanya Ziafisa,tujuan
pemanggilan niki kangge pemeriksaan tentang dugaan suap pak”. “Inggih pak kula
Ziafisa”.
“Mbak zia,pihak polisi
manggil mbak zia, “.
“Tapi slah kula napa pak”.Ibuku
lan ayahku khawatir, Ragil berusaha ngeyakina aku lan ibu ayahku. “Ora papa zi
meluo ,aku yakin sampeyan ora salah” Akhire aku melu ajakane polisi.
Pas ning kantor polisi
,tibakna dina ya ditangkap pisan.Pak polisi mulai ngeinterogasi aku lan Dina.Pak
polisi takon perkara suap ,lha aku bingung arep jawab apa, pak polisi nuduh aku
wis nrima suap saka Dina,terus aku ngomong “Ayo din ngomong sing jujur , apa
maksute iki aku ora ngerti apa apa “ ,moro –moro Dina nangis“Sepurane zi ,iku
mau sing tak wehna sampeyan duwit suap saka kepala admin kantor ,supaya aku ora
ngelaporna kelakuan kepala admin kantor sing mesti korupsi,aku nrima duwit iku
kangge mbayar utang cicilan sepedah ning sampeyan ,tapi jujur din aku ora berniat
jahat ning sampeyan”.“Astaughfirullah din,ora ngene carane” .
“Pak polisi ,kancaku iki
ora salah ,sing mestine ditangkep iki,kepala admin ning kantorku “ .
” Apa sampeyan nduwe bukti?”.
”Nduwe pak, “,jawab dina
,karo nunjuka bukti rekaman vidio percakapan kepala admin.
Sawise pak polisi wis ngerungakna
rekaman iku,pak polisi,mbebasna aku.
“Mbak zia , mbak zia bebas
saka tuduhan iki ,mbak dina ,tapi mbak dina kudu nerusna perkara iki sampek
ning pengadilan”
“Tapi pak ”,jawabku.
“Ora papa wis zi,iki pancen salahku”. “Sing
sabar ya din” .“iya zi,pasti”,jawab dina.Aku pamit ning dina,sawise iku aku
metu saka kantor polisi ,ana Ragil sing nyusul aku , aku seneng banget.“Suwun ya gil ,wis percaya
aku”.
“Iya lah kan saiki Kanya
Zianafisa pacarku maneh”.
“Hi gurung aku jawab
ya”.celetuku .
“Tapi aku wis wero jawaban
mu“,jawab ragil karo nada ngece.“Hehe ,iya iya“.“Hmmm“,jawab ragil.Akhire,waktu
iku aku resmi pacaran karo Ragil.Ragil ngeterna aku mulih ning omahku ,ayah
ibuku seneng,amarga aku ora terbukti bersalah.Semoga sawise kejadian iki ora
ana maneh kasus korupsi lan semoga si koruptor ora dadi mayoritas ning negeri
iki,amiin.
Terimakasih :)
BalasHapus